Ono PNS Indonesia wong loro oleh tugas nang Los Angeles.
Pas acara wisata dijak tuan rumahe nyang Disney Land.
Tekan Disney Land si Amerika ngajak ndelok suku asli Indian Sioux.
Teko adoh wis ketok ono Kepala Suku Sioux ngadek sendakep ote-ote nganggo celono kulit berjumbai-jumbai, nganggo topi saka wulu rajawali, raine dicorat-coret garis putih abang ijo.
Si tuan rumah Amerika kondo : "He is a real Indian!"
Si Parto salah sijine PNS saka Madiun kondo karo kancane : "Jo, kok rupane koyo' wong Indonesia yo?"
Moro-moro Indiane nyaut : "Lha kulo tiyang Gresik kok mas, nek dinten minggu pocokan dados Indian ngeten damel nambah celengan".
Si Bejo takon : "Nopo'o kok sanes Indian asli?".
"Lha sing asli nggih mboten purun dadi tontonan kados ngeten. Nek kulo rak mboten enten sing kenal...".
Moro-moro Amerikane takon : "Gentlemen, where did you learn that Sioux dialect...?"
😜🙊😃
Tidak ada komentar:
Posting Komentar