Rabu, 13 April 2016

Bhineka

  


Salah sawijining guru SD ning pedalaman mrintah muride nulis ning papan tulis.

Pak Guru : "Poniyem...!! Coba tulisen ning papan tulis, tulisan sing ono ning lambang Garuda Pancasila!"
Poniyem maju terus nulis ning papan tulis : 'PINEKA TUNGGAL IKA'.
Ndeleng tulisan iku pak Guru gedheg-gedheg... 
Sebab dudu BHINEKA nanging ditulis PINEKA.

Pak Guru : "Ngapa kok tulis ngono?"
Poniyem : "Leres to?"
Pak Guru : "Ngapa ra nganggo BH?" Karo mendelik.
Diomongi ngono Poniyem cepet-cepet nyekel dhadhane, amargo dhewek e kroso nek ora nganggo BH, karo mesam mesem kecut.

Poniyem : Pak Guru kok pirsa?"
Pak Guru : "haaa ... La yo cetho banget!! Lha wong ketok melok melok!! Coba benerke." Kandane pak Guru tambah melotot.
Poniyem : "Hiks..hiks.." (karo klecam klecem). "Isin pak..., mosok mbeneraken  teng mriki," jawabe Poniyem karo mesam mesem.
Pak Guru : "Yo kudu sak iki kapan maneh...! Ngopo koq ora nganggo BH?"
Poniyem : " Dereng garing pak, wingi kejawahan..., nembe dijemur, lha wong gih namung setunggal.., hiks..hiks.." karo ngguyu terus mencolot mlayu

Pak Guru clingak..clinguk... ndomblong... 



😬😬 
Yen ngene iki pye ... sing salah gurune pa muride....
😳😖😡

Tidak ada komentar:

Posting Komentar