Rabu, 15 Juni 2016

Gorengan Kedaluarsa Nggo Buko

  


Mukidi tuku gorengan.

Mukidi* *(M)* : "Yu, aku tuku gorengane."

Penjual (J) : "Sing endi, kang?"

(M) : "Lho.. Ono pirang macem, Yu?"

(J) : "Sing iki pisang goreng rong ewu telu, Mendoan rong ewu papat, Tahu goreng rong ewu lima, kang!
Sampean arep tuku sing endi kang?"

(M) : "Walah... Gorengan wis kadaluwarsa kabeh iku. Kok sik didol ae, Yu yu?!"

(J) : "Èh.... , sampean nek ngomong sing enak po o..... Jajal deloken disik, sik anyar iki nembe tak entas teko wajan kok ngomong kadaluwarsa? 
Sampean ojok ngawur loh ngomonge."

(M) : "Lho..., lah sampean dewe tah sing omong mau, pisang goreng 2003, mendoan 2004, tahu goreng 2005.
Lha sak iki wis taun 2016 Yu!  
Ýo opo ga wis kedaluwarsa iku ??!"

(J) : "Walah, koen.... jan kakean omong!
Lambe mu tak goreng sisan engko tak dol rong ewu nembelas...!!"

Mukidi mlayu rasido tuku gorengan.



🏃🏃🏃🏃🏃🏃🏃🏃😂😂😛🤕

Tidak ada komentar:

Posting Komentar