Kamis, 16 April 2020

Prekawis Sugeng

Ni yg asli cerita dari jogya. 😄

🍁 *prekawis SUGENG..* 🍁


👧YATMI : "Arep nang endi kang..?"

👦YATMO : "Nggoné Sugeng, deso sebelah.."

Ora let suwé, YATMO wis balik ngomah menèh..🏡🚶

👧YATMI : "Kok cepet banget to kang, opo wis ketemu Sugeng...??"

👦YATMO : "Durung... aku yo durung tekan ngomahé, Sugeng lagi lungo..."

👧YATMI : "Piyé to kowé ki kang, durung tekan ngomahé kok ngerti nèk Sugeng lagi lungo.."

👦YATMO : "Iyo... nang gapura bates désa ditulisi SUGENG TINDAK..."

👶Si KUNCUNG anaké krungu👶

👶KUNCUNG : "Sugeng sampun kundur pak.."

👦YATMO : "Kowé ngerti dikandani sopo..?"

👶KUNCUNG : "Dateng balé dusun dipun serati SUGENG RAWUH."

👵Si Tiwik adiné Kuncung melu ngandani bapaké

👵TIWIK: "Jané niku Sugeng wau mirengké bapak ngendikan lho pak.."

👦YATMO: "Ngertimu soko ngendi..?"

👵TIWIK: "Lha kulo nyetèl radio criosipun SUGENG MIDANGETAKEN!"

Sak omah pekok kabèh.... 😄😄😄😄😄

Sami,kados ingkang nembe maos meniko,klecam klecem piyambak.....😄

*🍁 Sugeng Maos kagem jampi semangat.. 🍁*

Tidak ada komentar:

Posting Komentar