Lagi nglaras numpak sepeda motor, sak klebètan soko koco sepion, kéthok ono sing ngoyak, wong loro boncèngan, jakét kulit, hèlem'é 'full face', ora kethok rupané.
Sing mboncèng mburi tangané ngawé-awé, kode bèn aku minggir....
"Wah.., blaik..!
Iki mesti bégal ngincer motorku, sakiki 'rak lagi usum, koran-koran karo tivi akih mbritakaké", batinku....
"Motor 'nggo modal nyambut gawé jé, nèk karampas piyé....??"
Gas motor tak pancal sak banteré, awak nganti ndredheg kemringet.
Yo tenané, jujur, aku kuwatir tur wedhi, wong arep dibègal (batinku nèh).
Tangan sisih tengen ngenti loro lé mlintir handel setang, pokoké pol2an. Sarono nggo nggolèk pangan, koq arep dirampok.
Ning piyé manèh, motor tuwo 'ki mbok gas'é diplintir sak kemengé, ngenti 'kaing-kaing mbengok, mlayuné sepiro..?
Lha sing ngoyak, tak lirik 'ki tumpakané koyo montor 250 cc.
Berjuang ngenti tètès darah terakhir..... djamputtt....!!!
Tetep ae aku kesusul...
Wislah... Pasrah bongkokan....!
Pas nyalip aku... sing mboncèng mburi mbukak koco hèlemé, karo mbengok :
"Brooo, lapoo koen banter2......,
Kaé lho..., bojo sampéyan kèri nèng pom bensin.....!"
Tidak ada komentar:
Posting Komentar