Anak Bapak
Anak : pak yoopo carane nglebokno gajah nang njero kulkas?
Bapak : yo gak iso le... Gajah kok dilebokbo kulkas.
Anak : luwalah. Bapak ku, rek... Ngunu ae gak iso..
Bapak : La, koen iso ta nglebokno gajah nang njero kulkas? Yoopo..?
Anak : yo Gampil, Pak. Carane, Gajahe dicekel.., lawang kulkase dibuka.., trus gajahe dilebokno. Tutup lawang kulkase. Wiss.
Bapak : ealahh. Sempal utekmu, Nak. Ngunu tok tah..?
Anak : Yo ngunu, carane nglebokno gajah nang kulkas. Maneh yo pak.. Saiki yoopo carane nglebokno sapi nang jero kulkas..??
Bapak : Bahahaha..
Badekanmu tak jawab ambek kayang, yo.. Gampang.. sapine dicekel, lawang kulkase dibuka, trus sapine langsung dilebokno, tutupp lawang kulkasee.. yo kann..???
Anak : Hahaha. Sampean atik kayang barang.. Salah, pakk. Gak isooo...
Bapak : Lohh... Kok gak iso??
Anak : Iyo. Kan sik ono gajah nang jero kulkas. Dadi.. Kulkase dibuka, gajahe ditokno disek, nek wis.. sapine dicekel, dilebokno kulkas, trus ditutup.
Bapak : Eaalaaah. Nurut sopo kon Nak..
Anak : terusno yo pak.. Saiki, nek balapan mlayu, gajah mungsuh sapi, sopo sing tekan finish disek..???
Bapak : Yo sapiiiii.
Anak : oo, sampean njawab banterr, tapi salah.. Yo cepet gajah sing finish, Pak..
Bapak : Beghh... Kok iso le??
Anak : La sapine kan sik nang jero kulkas. Durung ditokno...
Bapak : Karepmu, Lee.
Anak : La kok mangkel. Ojo mangkelan taa. Sepisan maneh pak..
Bapak : Ono maneh??
Anak : yoopo carane nimbang, supoyo Bapake Gajah karo Anake gajah, abote podo..??
Bapak : Kon ngarang ae.. Bapake gajah mesti luwih gede teko anakke.. Mesti bapake luwih gede, yo luwih abott..
Anak : yo ngunu nek waton njeplak, gak dipikir. Padahal gampang.
Bapak : yoopo ??
Anak : kari di photo ae.. Bapake gajah photo, anake gajah yo di photo.. Pas photo ukuran 4 x 6.. Trus ditimbang.. Podoooo..
Bapak : (garuk garuk cagak omah, gregeten)
Anak : Pak..
Bapak : opo
Anak : nek gajah karo sapi nglamar kerjo, sopo sing diterimo..??
Bapak : embuh.
Anak : Sampean tak kandani ae. sing diterimo kerjo Gajah, pak...
Bapak : Kok iso.. ??
Anak : Lamarane gajah lengkap ono pas photoe. Sapi gak ono photoe..
Pak?.. Pak...? Bapak..
ππππ